Puisi Jawa
Apa ta puisi Jawa iku? Apa bae kang kalebu puisi Jawa? Tulisan iki ngrembug babagan puisi Jawa, yaiku puisi para.
Puisi Jawa bisa kapantha dadi loro, yaiku puisi para (tembang para) lan puisi yasan (tembang yasan). Paugeran ing puisi para luwih sederhana lan ora duwe pupuh. Puisi yasan utawa tembang yasan aturan puisine luwih sampurna utawa apik, asil anggitane para pujangga utawa sastrawan (Samidi, 2010: 91).
Miturut pamanggihipun Samidi (2010: 91) tembang para dipantha dadi telu, yaiku:
1. Parikan
Parikan ana loro, sing kapisan yaiku parikan kang dumadi saka rong gatra utawa baris (parikan tunggal). Sing kapindho yaiku parikan kang dumadi saka patang gatra utawa patang baris (parikan rangkep). Dene ing kamus Baoesastra Djawa (1939: 473), parikan yaiku (1) sesindhenan utawa tembangan mung rong ukara nganggo purwakanthi swara, umpamane abang-abang ora legi, tiwas magang ora dadi; (2) ukara kang nganggo tetembungan wangsalan, umpama ora ngapem landa (ora ngreti, roti).
Tuladha parikan:
a.
Wedang bubuk, gula Jawa
Yen kepethuk, ati lega
b.
Sepet-sepet sawone mentah
Diempet-empet selak ra betah
c.
Yen kembang-kembange kacang, dudu kembange puspa
nyidra
Sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa
d.
Manuk emprit, menclok godhong tebu
Dadi murid, sing sregep sinau
e.
Tawon madu ngisep sekar
Dadi guru kudu sabar
2. Gendhingan
Gendhingan yaiku uni swara gamelan utawa ngowahi tembang dadi swara gendhing utawa gamelan (Samidi, 2010: 92).
Tuladha gendhingan:
a.
Kembang-kembang nipah,
sumebar satengah sawah,
dongong bae ing pancake,
kedhep tesmak pamandenge,
pratandha gedhe melike,
kakang Januraga.
b.
Pupus-pupus tebu,
den
udut kukuse mambu,
glegas-gleges pangrimuke,
kedhekesan palungguhe,
watak tan sabar karepe,
kakang Januraga
3. Geguritan
Miturut Samidi (2010: 92) geguritan kalebu puisi bebas utawa puisi kontemporer. Puisi iki ana miturut jamane utawa sawetara (ora suwe).
Miturut Hartono (Sabrina
& Nugroho, 2016: 36-37) geguritan yaiku “tembung-tembung rinakit mawa rasa (gurit), ora mung waton nyuntak
rasapangrasa, ora mung wadhage kang wujud (tipografi) saemper guritan nanging tumrape wong kang wus atul utawa kulina maca
guritan, bakal enggal katitik, apa kang lagi diadhep (diwaca) iku nyata-nyata
guritan, apa mung ‘pawarta’ kang tembung-tembunge ditata dadi larik-larik
saemper guritan”. Miturut
Sumarlam (Puspita, 2017) geguritan (puisi Jawa modern/kontemporer) ora kaiket dening guru lagu (uni vokal saben akhir baris) kaya macapat, lan uga ora kaiket dening “metrum” kaya kakawin. Geguritan relatif
luwih longgar/bebas dibandhingkake karo loro puisi liya.
Tuladha geguritan:
Dwija
Parak esuk umun-umun
Mbrengkut mbentoyong ngindhit
gawan
Kekanthen...
Sedya tulus ninggal gubug
reyot
Ora sumangkeyan
Golong gilig gegaman
geguritan mbabar jantraning urip
Ingaran...
Labuh-labet leladi lestarine
lingsa
Peparab endah
Kaindhit rina wengi
Nggayuh asma luhur
Trekah kautaman kakanthi
Nora keri amati dhiri
Linebur nyawiji
Kasuntak wujud kridha sayekti
Ora kena lena
Amarga...
Ngreksa thukulan jati mas
Ora sabaene
Apa aku ya bisa nggayuh asma
iku?
Biyuh-biyuh...
Kaya dom sumurup ing banyu
Yen kelakon abot pitakone
(Kapethik saka Majalah Panjebar Semangat edisi 33, 18 Agustus 2018
kaca 40)
Ing ngisor iki tuladha liya ngenani geguritan, yaiku maca geguritan. Mangga disemak geguritan ing ngisor!
Iku mau sethithik jlentrehan ngenani puisi para yaiku geguritan. Kaajab tulisan iki bisa mbiyantu nambahi wawasan ngenani geguritan. Matur nuwun.
Daftar Pustaka:
Harnoko,
Sri. (2018, 18 Agustus). Dwija. Panjebar
Semangat, 33, hlm 40.
Nuraini. Pepak Basa Jawa. Surakarta: Lingkar
Media.
Poerwadarminta. (1939). Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij Groningen.
Samidi. (2010). Basa lan Kabudayan Jawi. Surakarta: LPP UNS dan UNS Press.
Puspita, O. W. (2017). Upaya Meningkatkan
Keterampilan Menulis Geguritan Berdasarkan Cerkak Melalui Penerapan Metode Mind Mapping (Peta
Pikiran) (Versi Elektronik). Jurnal Ilmiah Lingua Idea, 6(2), 98-113. Diperoleh pada 4 Januari 2019 dari http://jos.unsoed.ac.id/index.php/jli/article/view/492
Sabrina, F. R. M., & Nugroho,
Y. E. (2016). Penerapan Model Explicit Instruction
untuk
Pembelajaran Membaca Indah Geguritan Siswa Kelas VII SMP Negeri 39 Semarang
(Versi Elektronik). Lingua, 12(1),
35-43. Diperoleh pada 4 Januari 2019 dari http://journal.unnes.ac.id/nju/index.php/lingua/article/view/8690
